EMAIL DARI KAWAN LAMA

Bertemu dengan kawan yang sudah lebih dari 15 tahun berpisah rasanya seperti mimpi...rasanya masih muda lagi, ABG lagi, Anak2 lagi...
Seperti pertemuan saya dengan salah seorang sohib saya di Yogya dahulu, dan sekarang beliau sudah berputra 2 orang dan tinggal di seputar Tangerang sono...

Sungguh pertemuan yang sangat menyenangkan...

Saya tidak menyangka ternyata sohib ini termasuk rajin juga mengikuti blog saya ini, bahkan setelah ketemu beliau masih menyempatkan diri kirim email ke saya....

Emailnya menarik, pakai bahasa jawa, dan saya balasnyapun pakai bahasa Jawa..nostalgia...jadi anda yang bisa bahasa Jawa silahkan menikmati bahasa jawa yang acakadul ini, dan bagi yang tidak bisa silahkan belajar bahasa Jawa dialek prokem ini...

Selamat menyimak...


Halo Hadi,
Wah..wingi my wife seneng banget, nggawa selimutmu terus tekan ngomah langsung payu, njuk langsung ono sing pesen maneh.... Sayang mung nggowo limo...hehehehe...

Bojoku jane pingin moro nyang nggonmu maneh, njupuk barang milih dewe.... Semangat banget rek, ning akhire tak kongkon pesen dikirim wae...

Ning aku tak takon sing ono nyang fikiranku yo... iki pitakonane wong durung duwe pengalaman bisnis, lan niat golek pengetahuan marang sampeyan sing pengalamane wis akeh..tur sukses besar sisan...fantastic lho....

Ngene lho: Aku ki gumun, Nek digoogle nganggo keyword "Selimut jepang", metune uakeh banget. Mesthine kabeh mau njupuke seko sampeyan....

Jan-jane aku ki wingi jane ragu arep dodolan selimut jepang, mergo menurutku wis telat start, lha wong ndelok sing dodolan online wis akeh banget.

Ning bojoku ki ngomong, "Mas ki kakehan mikir, dicoba wae..."
Bojoku kawit biyen pancen seneng dodolan..ning skala kecil .
Yo wis akhire wingi nyoba, dan laku, padahal aku wis siap2 seminggu pasti gak laku pikirku...

Jebulane rek......kejutan tenan lho iki kanggoku sing gak tau dodolan...
Jan-jane yo rodo kuatir lho adol nyang komplek perumahanku dewe.
Roto-roto wis podho melek internet. Khawatir bar tuku nyang nggonku mengko mbuka internet weruh rego sing luwih murah, kok rasane dadi ra penak.

Ning jare bojoku, yo biasa wae ojo ra kepenak. Koyone pancen ono bedo cara pandang antarane aku & bojoku.

Nek nurut sampiyan piye carane ngatasi roso ora kepenak iku Had?(pertanyaan nomer 1)

Hehehe...sory pertanyaane blas ora mutu, ning aku pingin ngerti je, karepku ben iso bisnis dengan cara elegant ngono lho...hehehe Ning mungkin seko sekian banyak pembeli potensial, sing melek internet umpamane mung sejumlah x persen. Njur seko pengguna internet iku sing "curious" & peduli karo selimut jepang ki umpamane y persen Nek aku takon sampiyan Had, piro harga x & y diatas sing pantes?................(pertanyaan nomer 2) berapapun x & y, iso diignore yo?

Yo wis ngono sik Had, njaluk komentarmu....mugo2 ora ngrepoti...

Wasalam

JAWABAN :
Hehe..nek wong sing terlalu pinter koyo sampeyan selalu memakai matematika..dan cilokone matematikane kuwi ora malah mbantu tapi malah marakke pikiran dadi cuthel..You Know..?

Saiki ngene wae secara matematika nek bocah sak kelas di kasih buku referensi sing podo, terus ono ujian, kiro2 sak kelas bijine podo kabeh ora..? secara matematika (probabilitas) kudune yo podo kabeh tho.. nyatane..sing lulus ming 10 wong..5..malah kadang ming siji thok...iku bukti nek kabeh hal di matematikakan dadine malah menyesatkan...

Kowe dolana neng Senen..dhisik jamane toko emas neng Senen ming ono 1-2 wong2 sing podo tuku emas lumayan rame, peluang iku dilirik bakul2 emas liyane, terus berbondong2 podo mbukak toko emas jejer2 nganti uakeh banget...opo terus rejekine pedagang2 emas terdahulu njuk podo seret..?

Eh ternyata masing2 toko bukanya sepi...ternyata malah sangsaya rame ngluwihi sakdurunge...iki nganggo matematika gak ketemu kan..?

Kabeh wong ngerti nek modale dodolan teh botol ming 600 rupiah sak botole, tapi aku nengendi-endi nek tuku diregani 1500,2000 malah kadang 2500 biasa2 wae...ini juga bukti nek matematikaane neng pikirane dewe menyesatkan...jadi rasah rikuh lan pakewuh, aku nduwe sedulur sing duwe toko kelontong..nek aku tuku barang, bukannya di murahi tapi malah di mahalin..tapi anehe aku tetep seneng dan loyal tuku neng kono nek pas pulang kampung..aneh kan..?

Selimut Jepangku iki sing dodol ming aku sumber-e..dan prospek wong sing tuku puluhan juta..!! sedangkan saiki paling nembe payu beberapa ribu lembar thok...opo sing di khawatirke..? wong soko kampungku, kampungmu piro sih sing nduwe internet..dari sing duwe internet piro sing niat bisnis selimut..?

Aku yakin prospek pasare puluhan Juta lembar sing iso di dol awake dewe, ming nek pikirane dewe cupet yo rasane ndonya sempit banget...pikiran2 ngene iku jenenge mental blog..dan dengan media selimut ini aku pengin kowe pelan2 iso mengikis mental2 blog-mu kuwi, terus someday Insya Allah mengko semuanya berjalan alamiah...

Kowe iso dodolan cendol..ora isin...misalnya...
Dodolan bakso..pede..
Dodolan Motor...santai..
Dodolan Mobil,omah.lemah apartemen..lsp...semua sama saja..podo wae carane...

Muga2 iki sedikit menjawab yo....

Tidak ada komentar: